Sinengkuyung cumloroting srengenge kang lagi mijil, Tarni pamit marang rama lan ibune kang lagi tumandang gawe ana ing gandhok. Wis kawit wingi Tarni kepengin banget budhal kuliyah menyang Sala numpak sepur. Dina iki ngepasi banget jadwal kuliyahe rodok awan, mula Tarni teteg nuruti kepenginane mangkat kuliyah numpak sepur. Adohe stasiun Klaten udakara rong puluh menit saka omahe. Sawise pamit marang rama lan ibune, Tarni budhal tumuju stasiun Klaten numpak motor. Dina kuwi, stasiun katon lodhang ora patia rame. Sinambi lungguh nunggu tekaning sepur jurusan Solo Balapan, Tarni lamat-lamat keprungu swara kang ora asing.
"Ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara"
"Asem! Mas Ardhana?!" Batine Tarni karo nyikep lambene dhewe.
Dheweke kaget sanalika noleh mburi, jebule kang dibatin mau bener. Ardhana, pawongan kang tau andum tresna marang dheweke nalika rong taun kepungkur. Wong loro kuwi seprene suwe wis ora tau ketemu maneh, saliyane amung padha nyawang story kang tansah njedhul ana ing akun instagram dhewe-dhewe. Sangertine, Ardhana bar pedhot katresnan.
"Lhoh, Tarni ya?! Piye kabare, Tar?" pitakone Ardhana semu kaget.
"Weh mas Ardhana, nggih mas kula Tarni. Alhamdulillah sae. Kabare jenengan pripun mas?" semaure Tarni isih ora ngira.
"Kabarku apik, Tar. Kowe saiki kuliyah ana UNS ta?" pitakone Ardhana karo mesem.
"Inggih mas, kula kuliyah ana ing UNS. mas Ardhana arep tindak ngendi mas?" pitakone Tarni.
"Arep ketemu ibu neng Purwosari, Tar." semaure Ardhana.
"Oh, nggih. ibu sehat to mas?" pitakone Tarni karo nyikep tas kang lagi dipangku.
"Alhamdulillah, ibu sehat." semaure Ardhana karo mesem meneh.
Sinambi ngenteni sepur jurusan Solo Balapan, Tarni lan Ardhana ijolan nomer telepon. Ardhana ora maleh, isih kaya jaman SMA nalika rong taun kepungkur. Isih lucu, lan isih seneng nembang nalika lagi nemoni kahanan kang sepi. Panase hawa ing ruang tunggu, rasane malih adem nalika Tarni ngrungokake swarane Ardhana.
Nalika sepur teka, Tarni lan Ardhana mlebu lan lingguh jejer. Ora suwe, sepur mandheg ana ing stasiun Purwosari, banjur stasiun Solo Balapan. Tarni lan Ardhana mudhun ana ing jurusane dhewe-dhewe.
Sawise kadadeyan kuwi, saben dina Tarni lan Ardhana dadi ajeg kirim sms, telepon, uga dolan bareng. Nganti kurang luwih setaun mbaleni tresna kang mandheg, rasa atine Tarni lan Ardhana urip maneh uga samsaya ngrembaka.
Dina senin awan, ora kaya biyasane Ardhana ngajak ketemu ana ing stasiun Klaten lan nyepur tumuju stasiun Solo Balapan. Awan kuwi srengenge rinasa nylekit banget, hawane panas ngenthang-ngenthang.
“Tar, aku oleh ngomong ora?”
“Lho jenengan ki arep ngendika apa ta mas?”
“Uwis wae ya Tar, ketoke aku ora bisa nerusake lakon katresnane awake dhewe meneh." panjaluke Ardhana.
"Lhoh, lha ana apa ta mas?" Tarni gemeter lan ngempet nangis.
"Pangapurane tenan ya, Tar."
“Nggih sampun mas, kula ndherek kersa jenengan kemawon.”
Tanpa menehi alesan kang cetha, Ardhana banjur mudhun ing stasiun Purwosari lan Tarni tetep nerusake laku tumuju ancas utama yaiku stasiun Balapan. Jebul, pancen kang dadi ancas pungkasane Ardhana dudu stasiun Balapan. Wiwit kuwi, HP kang biyasane muni saben jam papat isuk, wis ora tau krungu unine. Ati kang biyasane bungah amarga nampa telepon, saiki wis ilang bungah rasane. Ora kaya tembang kang unine “tegese kas nyantosani”, crita iki wis pungkas lan gawe tatu sajroning ati.