Mendhung peteng lan udan grimis ngiringi lakune Sari mangkat sekolah. Arang-arang Sari budhal sekolah kanthi mlaku payungan. Senin esuk rasane wis ora kaya Senin kapungkur. Praupane kagambar kaya-kaya lagi nandhang susah.
"Njanur gunung kadingaren Sar, kok ora diterake Mas Bagus?" pitakone Yanti, kanca kelase Sari kang dumadakan njedhul saka gang.
Bagus, pacangane Sari kang uga merantau ing Bojonegara lan wus mergawe ana ing Bank. Wong lanang kang wus rong taun iki ngancani lara-lapane Sari.
"Ora Ti, Mas Bagus lagi dhinas ing luar kota." wangsulane Sari karo mesem.
"Ana apa ta Sar, kok sajak katon sedhih ngono?" pitakone Yanti.
"Ora apa-apa Ti." wangsulane Sari sajak ngupaya ndhelikake sawijining bab.
Sawise tekan sekolah, wong loro kuwi mau tumuju ing kursine dhewe-dhewe. Sadawane pasinaon lumaku, pikirane Sari ngalor-ngidul. Dheweke ora bisa migatekake pasinaon kanthi tumemen. Ngancik ing wayah mulih sekolah, dheweke megarake payung. Kahanan ing sore iku isih kaya isuk mau nalika Sari budhal sekolah. Langit tansah peteng ndhedhet, gumleger swaraning bledhek uga tibaning banyu sansaya kerep. Sadawane dalan tumuju kos, pikirane Sari dikebaki dening pirembagane dheweke lan Bagas mau bengi. Yaiku bab kang njalari atine kepiris-piris.
"Dhik Sari, awake dhewe wis ora bisa nerusake laku tumuju bebrayan. Awakmu mesthi wis ngerti jalaran utamane. Aku lan awakmu ora bisa nerak prenatan kang ana. Rama Ibuku lan uga Rama Ibumu ora sarujuk menawa aku lan awakmu tetep nekat omah-omah. Tembok kang kabenthang iku ora bisa dakliwati, semana uga awakmu, Dhik." Bagus namatake mripate Sari.
Nalika kuwi, Sari amung bisa semaur "Nggih Mas Bagus, kula mangertos. Boten menapa Mas, panci kula lan panjenengan sejatosipun boten jodho. Kula nggih awrat menawi badhe nilaraken agami kula lan ndherek panjenengan." semaurane Sari karo mbendung tibaning eluh ing pipine.
Bagus mangsuli kanthi teteg "Ngapurane ya Dhik. Sejatine aku ya abot ninggal awakmu, ananging aku kang bakal dadi pangarsa ing kaluwarga, aku luwih abot menawa ninggalake agamaku."
Sanalika eluhe Sari tumetes ana ing pangarasan.
"Inggih Mas Bagas. Matur nuwun nggih Mas, sampun tansah mbiyantu lan ngancani lara lapaning kula ing perantauan menika. Kula matur nuwun sanget lan nyuwun pangapunten menawi sadangu kalih taun menika kula tansah nyusahaken Mas Bagus. Matur nuwun nggih Mas, sampun tansah wonten kangge kula." semaure Sari karo ngusap eluh ing pipine.
"Iya Dhik, semana uga panuwunku marang awakmu ya. Aja lali sinau kanthi tumemen, sedhela maneh awakmu lulus. Jare kepengin kuliyah ana ing Surabaya ta? Aja lali uga maem sing teratur ya Dhik." wangsulane Bagus ngewenehi semangat marang Sari.
Sari ora nyauri, namung manthuk-manthuk karo nyeka tumetesing waspane.
"O iya Dhik, aku uga arep menehi kabar menawa akhir wulan iki aku bakal dipindhah tugas ing Kantor Pusat Magelang" wangsulane Bagus karo mesem kepeksa.
"Lhoh, kok dumadakan banget mas?" Sari kaget.
"Iya Dhik. Layange wis metu watara seminggu kapungkur, ananging aku nguatake atiku kanggo ngomong ning awakmu. Ngapurane ya Dhik, aku pamit. Aku duwe pangajab muga-muga lancar anggonmu nggayuh kabeh kepenginanmu. Siji maneh, aja karo sing beda meneh ya Dhik. Wis cukup pisan iki wae." sawise iku Bagus pamit. Ora ngerti sawise pamit dheweke mulih ing kos-kosane apa lunga tumuju papan sing biyasane ditekani nalika pikirane lagi semruweng.
Sanadyan wis ngira bab iki bakal kadadeyan, Sari tansah ora bisa mbendung tumetesing waspane. Dheweke ora bisa nggondheli utawa menggak apa kang dadi penjalukane Bagus. Kabeh kang diandharake dening Bagus iku kasunyatan. Sari wis ngerti lan pancen wis tiba titi wancine dheweke lan Bagus kudu pisahan.
Pirembugan ing wengi iku mau tansah dadi pikirane Sari. Kepiye ora dadi pikiran, sasuwene rong taun iki sing ngancani tiba tangine Sari nalika ing perantauan ya mung Bagus, uga sewalike. Ananging arep kepiye maneh, wis ora ana dalan padhang kanggo dheweke lan Bagus. Wengi iku ndonyane Sari kaya-kaya kandheg. Langit wengi tansah peteng lelimengan. Lakuning hawa adhem rumesep telenging batin. Wengi iku tumetesing waspa wiwit anelesi jagad.